Oleh : Mas Kumitir 1 SERAT MADURASA

Σχετικά έγγραφα
AAK culture library I Javanese Manuscripts

Peta Konsep. 5.1 Sudut Positif dan Sudut Negatif Fungsi Trigonometri Bagi Sebarang Sudut FUNGSI TRIGONOMETRI

PENGEMBANGAN INSTRUMEN

KURIKULUM STANDARD SEKOLAH RENDAH DUNIA MUZIK

INSTRUMEN PENTAKSIRAN STANDARD PRESTASI BAHASA MALAYSIA TAHUN

Hairunnizam Wahid Jaffary Awang Kamaruddin Salleh Rozmi Ismail Universiti Kebangsaan Malaysia

KALKULUS LANJUT. Integral Lipat. Resmawan. 7 November Universitas Negeri Gorontalo. Resmawan (Math UNG) Integral Lipat 7 November / 57

PERSAMAAN KUADRAT. 06. EBT-SMP Hasil dari

CAPAIAN PROGRAM PENDIDIKAN KEAKSARAAN DAN KESETARAAN TAHUN 2017

Matematika

BAB III PERENCANAAN DAN GAMBAR

S T A T I S T I K A OLEH : WIJAYA

BAB 4 PERENCANAAN PELAT LANTAI DAN PELAT ATAP

STRUKTUR BAJA 2 TKS 1514 / 3 SKS PROGRAM STUDI TEKNIK SIPIL UNIVERSITAS JEMBER

BAB III MÉTODE PANALUNGTIKAN

Sebaran Peluang Gabungan

KONSEP ASAS & PENGUJIAN HIPOTESIS

Kalkulus 1. Sistem Bilangan Real. Atina Ahdika, S.Si, M.Si. Statistika FMIPA Universitas Islam Indonesia

S T A T I S T I K A OLEH : WIJAYA FAKULTAS PERTANIAN UNIVERSITAS SWADAYA GUNUNG JATI CIREBON

BAB III PERHITUNGAN TANGGA DAN PELAT. Gedung Kampus di Kota Palembang yang terdiri dari 11 lantai tanpa basement

Kalkulus Multivariabel I

Jika X ialah satu pembolehubah rawak diskret yang mewakili bilangan hari hujan dalam seminggu, senaraikan semua nilai yang mungkin bagi X.

S T A T I S T I K A OLEH : WIJAYA FAKULTAS PERTANIAN UNIVERSITAS SWADAYA GUNUNG JATI CIREBON

BAB 4 PERENCANAAN TANGGA

Jika X ialah satu pembolehubah rawak diskret yang mewakili bilangan hari hujan dalam seminggu, senaraikan semua nilai yang mungkin bagi X.

PERENCANAAN JALAN ALTERNATIF & PERKERASAN LENTUR TANJUNG SERDANG KOTABARU,KALIMANTAN SELATAN KM KM 7+000

Ciri-ciri Taburan Normal

BAB 4 PERENCANAAN TANGGA

FAKULTI KEJURUTERAAN ELEKTRIK UNIVERSITI TEKNOLOGI MALAYSIA MAKMAL ELEKTROTEKNIK : LENGKUK KEMAGNETAN ATAU CIRI B - H

( 2 ( 1 2 )2 3 3 ) MODEL PT3 MATEMATIK A PUSAT TUISYEN IHSAN JAYA = + ( 3) ( 4 9 ) 2 (4 3 4 ) 3 ( 8 3 ) ( 3.25 )

LABORATORIUM STATISTIK DAN OPTIMASI INDUSTRI FAKULTAS TEKNIK PROGRAM STUDI TEKNIK INDUSTRI UNIVERSITAS PEMBANGUNAN NASIONAL VETERAN JAWA TIMUR

EEU104 - Teknologi Elektrik - Tutorial 11; Sessi 2000/2001 Litar magnet

Sistem Koordinat dan Fungsi. Matematika Dasar. untuk Fakultas Pertanian. Uha Isnaini. Uhaisnaini.com. Matematika Dasar

A. Distribusi Gabungan

PENGERTIAN VOKAL: Vokal ialah bunyi-bunyi bersuara, dan apabila membunyikannya udara daripada paru-paru keluar melalui rongga mulut tanpa sekatan dan

Kalkulus Elementer. Nanda Arista Rizki, M.Si. Fakultas Matematika dan Ilmu Pengetahuan Alam Universitas Mulawarman 2018

artinya vektor nilai rata-rata dari kelompok ternak pertama sama dengan kelompok ternak kedua artinya kedua vektor nilai-rata berbeda

SIJIL VOKASIONAL MALAYSIA A03101 PENILAIAN AKHIR SEMESTER 1 SESI 1/2015 Matematik Bahagian A Mei

Pengantar Proses Stokastik

Hendra Gunawan. 16 April 2014

Pengantar Proses Stokastik

ANALISIS LITAR ELEKTRIK OBJEKTIF AM

Konvergen dalam Peluang dan Distribusi

Tabel 4.1. Jumlah Publikasi Badan Litbang Kehutanan tahun

Kalkulus Multivariabel I

TINJAUAN PUSTAKA. Sekumpulan bilangan (rasional dan tak-rasional) yang dapat mengukur. bilangan riil (Purcell dan Varberg, 1987).

LAMPIRAN 1. Hasil Observasi dan Wawancara Pedagang Siomay di Semarang

1. DATA PERANCANGAN : a. Daya Lintas Lalu lintas kereta api setiap hari yang direncanakan untuk melalui trase jalan adalah :

EPPD1023: Makroekonomi Kuliah 1: Pengenalan Kepada Makroekonomi

BAB 4 PERENCANAAN TANGGA

Bilangan Euler(e) Rukmono Budi Utomo Pengampu: Prof. Taufiq Hidayat. March 5, 2016

BAB 4 HASIL KAJIAN. dengan maklumat latar belakang responden, impak modal sosial terhadap prestasi

PERENCANAAN STRUKTUR DAN RENCANA ANGGARAN BIAYA BANGUNAN GEDUNG SWALAYAN 2 LANTAI

SMJ minyak seperti yang dilakarkan dalam Rajah S2. Minyak tersebut mempunyai. bahagian hujung cakera. Dengan data dan anggapan yang dibuat:

RUMUS AM LINGKARAN KUBIK BEZIER SATAHAN

SIJIL VOKASIONAL MALAYSIA PENILAIAN AKHIR SEMESTER 3 SESI 1/2014 TEKNOLOGI ELEKTRIK Kertas Teori Mei

FEEDER UNIT PROTECTION

BAB 3 PERENCANAAN TANGGA

Rajah S1 menunjukkan talisawat dari jenis rata dengan dua sistem pacuan, digunakan untuk

Daftar notasi. jarak s 2, mm 2. lebar dari muka tekan komponen struktur, mm.

DAFTAR NOTASI. adalah jarak antara dua pengaku vertikal, mm. adalah luas efektif penampang, mm2. adalah luas efektif pelat sayap, mm2

UJIAN SUMATIF 2 SIJIL PELAJARAN MALAYSIA 2013 SAINS TAMBAHAN

Sebaran Kontinu HAZMIRA YOZZA IZZATI RAHMI HG JURUSAN MATEMATIKA FMIPA UNAND LOGO

Bab 1 Mekanik Struktur

HMT 221 FONETIK DAN FONOLOGI BAHASA MALAYSIA

LATIHAN. PENYUSUN: MOHD. ZUBIL BAHAK Sign. : FAKULTI KEJURUTERAAN MEKANIKAL UNIVERSITI TEKNOLOGI MALAYSIA SKUDAI JOHOR

BAB 1 PENDAHULUAN 1.1 PENGENALAN

Pumping Lemma. Semester Ganjil 2013 Jum at, Dosen pengasuh: Kurnia Saputra ST, M.Sc

Kemahiran Hidup Bersepadu Kemahiran Teknikal 76

Persamaan Diferensial Parsial

LOGIKA MATEMATIKA. MODUL 1 Himpunan. Zuhair Jurusan Teknik Informatika Universitas Mercu Buana Jakarta 2012 年 04 月 08 日 ( 日 )

L A M P I R A N. Universitas Sumatera Utara

MODUL PENINGKATAN AKADEMIK SPM 2017 PERATURAN PEMARKAHAN KERTAS 2 (4531/2) BAHAGIAN A. 1(a) (i) P R P 1 (b)(i) Ralat rawak // ralat paralaks 1

PATIENT INFORMATION LEAFLET MEDICINE TO TREAT: DIABETES UBAT UNTUK MERAWAT: DIABETES

Kalkulus 1. Sistem Koordinat. Atina Ahdika, S.Si, M.Si. Statistika FMIPA Universitas Islam Indonesia. Sistem Koordinat

MENGENALI FOTON DAN PENGQUANTUMAN TENAGA

Keterusan dan Keabadian Jisim

TOPIK 1 : KUANTITI DAN UNIT ASAS

DETERMINATION OF CFRP PLATE SHEAR MODULUS BY ARCAN TEST METHOD SHUKUR HJ. ABU HASSAN

STQS1124 STATISTIK II PERBANDINGAN KUALITI SOLAT DALAM KALANGAN PELAJAR KOLEJ IBRAHIM YAAKOB(KIY) DAN KOLEJ TUN HUSSEIN ONN(KTHO).

DAFTAR ISI. Halaman Judul Pengesahan Persetujuan Persembahan Abstrak Abstact Kata Pengantar

BAB 1 PENDAHULUAN. 1.1 Pengenalan

PENGAJIAN KEJURUTERAAN ELEKTRIK DAN ELEKTRONIK

Transformasi Koordinat 3 Dimensi

Klasifikasi bagi Kumpulan-Dua dengan Dua Penjana yang Mempunyai Kelas Nilpoten Dua

ΧΏΡΑ ΤΜΉΜΑ. Ινδονησία Αλιευτικα προϊοντα. Σε ισχύ από: 19/11/2018 Ημερομηνία δημοσίευσης 06/11/2018. Κατάλογος σε ισχύ

KAITAN FAKTOR PENYUMBANG DENGAN KECEMERLANGAN AKADEMIK PELAJAR ASRAMA HARIAN

DAFTAR ISI. BAB I PENDAHULUAN Latar Belakang Rumusan Masalah Tujuan Batasan Masalah dan Ruang Lingkup...

BAB III METODOLOGI PERENCANAAN. Bagan alir (flow chart) adalah urutan proses penyelesaian masalah.

Pengantar Proses Stokastik

Diagnostic Statistical Manual of Mental Disorder (DSM IV,1994)

Sejarah Silam Kajian iberpandukan beberapa teori

(a) Nyatakan julat hubungan itu (b) Dengan menggunakan tatatanda fungsi, tulis satu hubungan antara set A dan set B. [2 markah] Jawapan:

SMK SERI MUARA, BAGAN DATOH, PERAK. PEPERIKSAAN PERCUBAAN SPM. MATEMATIK TAMBAHAN TINGKATAN 5 KERTAS 1 Dua jam JUMLAH

STQS1124 STATISTIK II LAPORAN KAJIAN TENTANG GAJI BULANAN PENSYARAH DAN STAF SOKONGAN DI PUSAT PENGAJIAN SAINS MATEMATIK (PPSM), FST, UKM.

2 m. Air. 5 m. Rajah S1

KEMAHIRAN HIDUP BERSEPADU KT/ERT/PN/PK

:ιύχ ϑϊϭϟ ΎϬ Α ϦϴϘσΎϨϟ ήθϐϟ ΔϴΑήόϟ Ϡ ϟ ϢϴϠόΗ ΞϬϨϣ ϳήϜϟ ϥ ήϙϟ ϢϬϓ ϱϊϩϓ Ω Άϓ ΪϤΣ Abstract Abstrak

ABSTRAK MAJULAH SUKAN UNTUK NEGARA. Mohd Said bin Hj. Sebran KSPK-PJ 2000 MPIP Hulu Kinta Perak

BAB 6 KESIMPULAN DAN SARAN. elemen struktur gedung Hotel Premiere Inn Satoria yogyakarta 8 lantai dan udah

Transcript:

1 SERAT MADURASA Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf. Semoga tujuan blog adalah menjadi salah satu sumber digital karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para sutrisna budaya ataupun masyarakat secara bebas. Salam asah asih asuh. Nuwun. @@@ Ca-capan I Tahun 1985 Penerbit Yayasan Djojo Bojo Surabaya PURWAKA Layang MADURASA iki jangkepe layang JATIMURTI lan MADURASA, kang wis nate katerbitake dening Toko Buku Tan Khoen Swie ing Kediri, seket tahunan kapungkur, wujude cap-capan nganggo aksara Jawa, saiki katedhak mawa aksara Latin, supaya tebane luwih omber. Sarehne isi bab RASA, dadi ya wis samestine yen rinasakake klawan weninging ati. Mula sadurunge maos buku iki, prayoga nyatitekake pamrayogane sing yasa layang iki. Penerbit Yayasan Djojo Bojo Surabaya PENGET 1. Saben nembe kawaos, kasinggahna, sampun kaselehaken saenggenenggen. 2. Sampun kawaos dening sok tiyanga, ngemungna ingkang remen saestu ngudi kawruh kabatosan. 3. Ingkang sampun maos, sanajan mangretosa sarta remena, sampun kaangge ngendikan kaliyan sadhengah tiyang. Sinten ingkang kersa netepi pepenget punika, kalebet nama mundhi utawi ngluhuraken kabatosanipun piyambak.

2 PAMRAYOGANE KANG GAWE LAYANG IKI 1. Dhisike diwaca granbyangan satamate. 2. Di baleni saka wiwitan kanthi alon lan sareh. 3. Yen wis tamat kapindhone, disinggahake. Pamacane kang kaping telune lan sabanjure : ora prelu urut. 4. Sanajan wis tamat ping telu ping pat, disinggahna kanggo simpenan. Wiwitane ora terang swasanane. Nanging yen kerep disinggahake lan diwaca titi sarta lestari pamarsudine, sangsaya lawas sangsaya mundhak terange. Sinengkalan : kaweruh Raras Basuki Tyas. Perangan 01 PAEDAHE NGUDI KAWRUH KASAMPURNA. Ngudi kawruh kebatinan iku aja digalih mung kanggo mbesuk bae, nanging kalane ana ing alam ndonya ya perlu, supaya oleh pandom lan diyan (obor) ing sajroning ati, kang bakal nuduhake dalan kang bener lan padhang, tumrap panggawe apa bae. Ngudi kawruh kasampurnan manawa temen ing pangudine ing saselot-selote bisa oleh sasmita ing rasane, adoh rubeda ing atine. Rubeda ing ati iku, kayata : Geleme tetulung kagawa ing pamrih dialembana utawa sebab oleh kasil. mburu bandha, lali marang Iman. Golek bener, kliru golek menang lsp. Wong adoh angkarane : akeh adheme, kepenake lan tentreme. Ragane ora enggal rusak kang jalaran kakehan geni (nafsu), lan ora engga rusak kagawa pambandhanging jaran (pancadriya). Wong ngudi kawruh kasampurnan, kekarepane kang linakonan salawase, tansah gumolong NUJU MARANG TEKADE. Arang pradondi sajroning atine kaya kang dhemen solan-salin karep kang sijisijining karep ora nunggal tuju (nunggal laras). Ilining cipta ora kakehan enggok, lan ora pating sareweh, lan ora kuwur kaya banyu kerep diubak-ubak sarta ora mambeg. Wong kang temen-temen pangudine marang kawruh kasampurnan, apa kang linakon kerep benere, akeh becike, cepak rahayune, adoh bilahine, marga : wis cedhak kang ajak rahayu, iya kang ora tau luput. Mungguh yektine, kareping manungsa iku, ana kang thukul saka nafsu kang becik, ana kang thukul saka nafsu kang ala, ana kang thukul saka : Rasa.

3 Mula banjur ana karep kang manut pituduhing Budi, ana kang manut pituduhe angen-angen kang lagi peteng, katarik dayane roh peteng (roh kewani), ana maneh panggawe kang tumindake saka dayaning roh kewani thok-thok (ninggal angen-angen), iku kabeh tumraping wong kang ngudi kasampurnan : dirasak-rasakake lan dititeni. Penget : Angen-angen iku dadi ratuning pancadriya, iku kang kuwajiban mbedadkake ala lan becik bener lan luput. KAREP kang becik iku pangajaking nafsu Mutmainah, nanging kabeh nafsu ora kabageyan sumurup marang BENER, awit bener iku bageyane BUDI ( kang tuduh marang bener). Karep kang becik kanthi wewaton kang bener mau : iya durung mesthi perlu linakonan utawa bakal rahayu (widada), dadi kudu prayitna marang sasmitaning RASA (tukang tuduh rahayu) nuntun marang kawidadan sarta perlune linakonan, apadene ngrasa marang wewengkone (wajibe). Mangkono uga, bisane manungsa weruh ing : deduga, prayoga, watara, kirakira, riringa, subasita, awas ing semu, prayitna, weweka, eguh, tangguh, sapanunggalipun. Ya saka panuntun RASA. Saya cedhak karo Rasa, saya mumpuni ing duga prayoga, sarta saya sathithik malesete anggone kira-kira. Ringkese mengkene : Ora mung akherat bae kang ana panasaran, ing ndonya uga akeh panasaran, begalan sarta rubeda, kang dunung ing atine manungsa. Mula saka iku perlu nganggo pandom lan diyan. Wujuding pandom : RASA, wujuding diyan : BUDI. Bisane weruh pituduhing Budi lan Rasa, yen manungsa ngudi kawruh kasampurnan, sabab ngudi kawruh iku wataking BUDI lan RASA. Dipunsami ambanting sariranira, cegah dhahar lang guling, darapon sudaa, nepsu kang ngambra-ambra, rerema ing tyasireki, dadi sabarang, karsanira lestari. Perangan 02 AWAD-AWAD karo IYA. Kang dadi cacading wong urip iku kang adhakan : alehe awad-awad utawa : nggorohi atine dhewe. Padune dhemen nyandhing bandha, banjur gawe weweton mangkene : Wong urip wis wajibe ikhtiar golek pangan, ngopeni kaskayane, kanggo rumeksa marang ragane, sarta anak bojone. Ngendi ana wong emoh duwit, ngendi ana wong nrima. Wong kang koncadan bandha mesthi kuwur pikire, thukul pikire kang ala.

4 Wewaton kang mangkono iku dhasar bener banget, nanging apa ora ana bedane : awad-awad karo sejati. (Seksi, katrangan apa ora ana?). Nadyang wong urip diwenangake ngopeni kadonyan, nanging wong atine madhep marang donya karo kang madhep marang Allah iku, katon banget bedane : Wong madhep marang Allah, akeh tumakninahe, wong kang madhep marang donya akeh pangangsa-angsane. Wong madhep marang Allah akeh sabare, wong kang madhep marang donya akeh nepsune prakara bandha. Wong kang madhep marang Allah akeh eling marang panggawe becik lan rembug becik. Wong madhep marang donya akeh laline, akeh emohe. Wong kang madhep marang Allah akeh sumeleh, panarimane lan sukure. Wong madhep marang donya akeh panggrangsang lan pangresulane. Wong madhep marang Allah akeh adhem kepenake, wong kang madhep marang donya akeh sumuke lang panguneg-uneg. Wong madhep marang Allah akeh asihe marang sapadha-padha. Wong madhep marang donya akeh gething lan drengkine. Yen dhemen lan asih, marga ana pamrihe. Wong madhep marang Allah, pilih mlarat katimbang rusak Imane. Wong madhep marang donya pilih sugih ora perduli marang Iman. Mangkono sapiturute. Wose : becik kang eling, sawiji tekade (ora goroh). GOROH iku ana lair ana batin. Goroh batin iku : awad-awad, akudhung wewaton. Iku kang nggorohi marang uripe dhewe. Muga-muga wong urip dibisa ngrasa : isin lan wirang marang uripe dhewe. Amin!!!!!!!!! Yen wis bisa mbedakake rasa rupa-rupa, jalaran saka sregep ngrasakake, karo NITENI iku diarani : PRAYITNA. Sawise bisa mangkono, banjur misah-, misahake kang ala lan kang becik, Kang ala ora kanggo sarana dilalekake, dene kang bener diurip-uripake, dene kang bener diurip-urip, yen wis bisa misah mangkono iku, arane : WEWEKA. Sawise kapisah-pisah, kang becik lan kang bener ditata diempakake dayane yen wis bisa ngupakara

5 kang becik lan kang bener manut mesthine, karan : WIRAGNYA. (Serat Madurasa) Purwokanthi (lagu dolanan) E, dhayohe teka E, gelarna klasa E, kasane bedhah E, jadahe mambu E, pakakna asu E, asune mati E, buwangen kali E, kaline banjir E, buwangen pinggir. Perangan 03 AJA LALI MARANG JEJER Lagu dolanan kasebut dadi pasemoning manungsa kang lali marang jejere. (Wong jejere nemoni dayoh, bareng weruh jadah mambu, lali dhayohe, sing dipikir : jadah. Bareng weruh asu mati, ka-elingane mung marang asu, lali marang jadah). Manungsa kang uripe suwung tanpa tekad, ya ora sumurup marang jejere, enggone urip ing alan donya. Temahan ora ngerti marang tegese kang linakon ing salawas-lawase. Lire : enggone solan-salin kekarepan, ora nganggo eling marang kekarepan kang dhisik, ketumpangan karep anyar banjur ketumpangan maneh, dudu teruse kang dhisik...!! Mula dibiso nggoleki jejering urip ana ing alam donya sarana tekad. Sabanjure sabarang kang kinarepake, tujokna marang tekad mau. Jer tekad mono poking karep. Iku gandhulana kang kukuh, oja kalah karo karepmu, aja kelu dayaning donya (aja kagetan, gimiran, slewang-sleweng). Sanajan raga katuta ombaking jaman, rosing rasamu dikukuh tansah elinga marang jejer. Arang wong temen wong kang kelar nanggo kekencengane dhewe. Kang akeh : kagetan, gemiran, slewang-sleweng, dupeh kudu manut ombaking jaman. LELAKONE manungsa, nggone urip ngalan-alam lan nggone lali marang ajal kamulane, temen agawe ngungun (nggumunake) dak gawe pepindadhan kaya mangkene :

6 KANG maca layang iki dak upamake nitih sepur, bakal kondur ing ndaleme (upama : Madiun). Ana ing sepur bebarengan sanak sadulur kang padha asih, nuli midhanget rembug warna-warna. Ana sagolongan kang ngrembugi mangkene : Mas, ayo padha mudhun ing anu bae bareng lan kita kabeh nonton wayang, dalange saka kraton, apa maneh kangmas diarep-arep para mitra liyane... Nuli ana golongan ngajak mangkane : Menyanga Purwareja bae Mas, nakal akeh banget bathimu kawruh, jalaran bisa ngstreni sapatemon karo para jamhur ing babagan kawruh batin, kaya kang kok karepake. Sagolongan maneh, mangkene : Prayogi mandhap ing Surakarta kemawon, mriksani Sriwedari, wonten bioskop, ringgit tiyang, gedong museum ingkang isinipun sarwi endah... Ana siji maneh sing ngandika mangkene : Dhimas, kabeh ojo kok galih, mundhak gawe bingung, luwih becik nuruta rembugku, mudhun ing..., dene perlune... aja mundhut priksa dhisik, mengko dakbisiki sajatining sid... Nuli ana maneh, ana maneh kang luwih ndudut ati lan sapiturute. Yen upama ana lelakon kang mangkono, kang endi kang diturut? Prakara ngrungokake lan ngladeni caturing wong, wis wajibe kanggo netepi tatakrama, nanging aja nganti lali marang jejer, yaiku kondur menyang Mediun. Ora kena nyaleweng. Golek kapenak lan seneng sawatara ana ing sepur, ya diwenangake kayata : nata palungguhnan, pasendenan, nanging aja kongsi kebanjur yasa (gawe) pasareyan ana ing sepur. Enggone manut pranataning sepur, marga wis kebanjur ana ing sepur; enggone golek kapenak seneng SAWATARA ana ing sepur, sabab dadi pikuwat kalane isih ana ing sepur, nanging enggone ngrasakake kabeh mau kudu kumambang. Lenging ati mung arep menyang Madiun, thok. Netepi pranataning sepur lan golek seneng sawatara, iku kadadekake pipindhan, anggonmu urip ana ing ngalam donya, diwenangake golek bandha, kapinteran, pangkat golek kapenak lan seneng, ngopeni anak bojo, kudu kumpulan, duwe dewe, nata omah nyandhang patut, mara dhayoh, nyenengake dhayoh... salawase ana ing ngalam donya (pirang taun, apa lawas?) kang sawatara mangsa engkas bakal ganti alam, ninggal alam donya. Kaya wong nyepur, ninggal sepur.

7 Ninggal palungguhan (pasarean) kang ditinggal ana ing sepur. Yagene ana ing alam donya kok kliwat dhemene marang kadonyan? (kaya bungahe wong ngimpi oleh duwit, bareng nglilir, digagapi tangane kothong). Wong kang lali marang Allah (kenceng panyekele marang donya) iku kaya wong kaya ana sajrone sepur kang lali bakal medhun negendi?. Iku isih becik, isih klebu wong gelem golek ngelmu, balik wong kang babar pisan ora eling prakara sukmane, iku padhane wong numpak sepur kang lali yen mengko kudu medhun, bungah-bungah disengguh sepur iku bakal omahe (Alame). Wong-wong kang ana ing sepur disengguh kancane nunggal saomah (dadi lali wiwitan, ora mikir kapriye pamburine). Iya bener wong-wong padha amor dadi sak enggon kaya batin tunggal sak omah, nanging ancase (lenging atine) ora padha, ana kang arep mudhun Yogja, ana Sala ana kang arep menyang Semarang lan sapiturute. Dadi enggone awor mung sadhela, bareng pisah ora temu-tinemu maneh (tangeh bisane ketemu) kaya ana ing sepur kaya iku, lan pepake kang kepethuk kaya iku, sawise padha pisahan lawas, tangeh kepingine marang sepur maneh. Saya tangeh maneh kapingine kepethuk ana ing sepur kang pepake kaya iku maneh. Dadi ya mung kalane kami sspuren bae kang karepa kumudu-kudu kaya iku. WONG sajroning sepur anggone padha duwe ancas, kaprayitnan lan weweka, dadiya tuladha wong ana ing alam donya, ya kudu duwe tekad, kaprayitnan lan weweka, aja kongsi ketungkul kedonyanen. ENGGONE padha kumambang ngrasakake kahanan sajrone sepur uga dadia pipindhan : wong ana ing donya kudu mung kumambang enggone ngrasakake kahanan donya. Kayata : wong nuduhake kabregasaning awak ana ing sajroning sepur marang kancane kang padha kumambang atine, iku enggone ora paedah uga kaya wong donya ngegungake pangkat, pangaji-aji, pangalembana, marang kancane kang bener bebarengan nunggal jaman, ora mupangati apa-apa, sawise ninggal ALAM DONYA. SADHELANING wektu ana ing sepur lan adohing pisahe, saungkure saka sepur : uga dadi pepindhan gelise ana ngalam donya lan enggone ora ketemu-tinemu saungkure ing donya. Wong kang lali udhune saka ing sepur, iku samangsa mudhun mesthi klereu, kayata : mudhun sadurunge tekan ing MADIUN. Satekane ing stasiun kang dudu Madiun, tindak nggoleki dalem lan barang kangungane : tangeh lamun pinanggiha. Wong numpak sepur lali yen bakal mudhun, ora mung kesasar bae, udhune nganggo kaget. Lagi dhemen-dhemene yasa pasarean lan tetemon karo bathine : dipeksa mudhun dening kondektur. Mudhun saka sepur, isih kumudu-kudu nggoleki pasareane lan kancane mau (sepure wis budhal adoh) : tangeh lamun kapethuka, nadyan sakiwa tengening stasiun diubres karo brebes mili.

8 Sarehne wis lali karo jejere lan ora prayitna bakal pamburine, tangeh yen nggolekana daleme ing Madiun. Apa tegese kang linakonan ing wektu iku lan kapriye dadine lelakon kang mangkono : ora sumurup lan ora nggraita, ewa dene : ora kepingin sumurup lan ora golek panggraita. Sarehne pasarean lan kancane digoleki lan ditangisi meksa ora ketemu, kapriye maneh, iya kluyar-kluyur embuh parane. Dak upamakake : banjur priksa wong akeh pirang-pirang golongan padda rame-rame, banjur nyedhaki, priksa wong bungah-bungah, ana kang main, ana kang rembungan, padha golek butuhe ddewe-dhewe. KANG rawuh saka sepur : kelu marang salah sawijining wong gegolongan, kayata : melu ngrasakake seneng wong nguthut kertu, nyemak ana mburine (ora niyat ngalih saka kono, dening kecancang senenge nyemak kartu lan ngrungu swaraning wong gumuyu ger-geran), kaya-kaya sajagad ora ana seneng kaya iku. Ora ana panggonan kang ngrasakake kajaba mung ing kono (wis supe pasareane lan kancane dhek mau, lan wis supe jalarane ana ing kono, dadi lali sangkan miwah paran), lali ngendi daleme, disengguh iku daleme, ora ngraita : apa iya apa dudu, ora ngrasa yen cilaka. Mangkono gambar kahanane wong ana ing alam donya. Dhuh sedulur kang lagi lali, miyarsakna sindhen : eman-eman (dhuh kusuma) asaling manungsa iku luwih dening luhur (eman). Perangan 04 ANCER-ANCER SATHITHIK WRUHANIRA ing angganing manungsa ana kang tansah eling ngrasa marang jejer; yaiku : rosing rasaning manungsa, kang aran : RASUL. Iku kalimput katutupan nafsu, kang wujud pancadriya. Tekaning pancadriya (angen-angen, nafsu, kekarepan) iku bareng karo laire manungsa. Iku kang ngajak kerem marang donya, ngajak lali. Yen kasucenan, kalalantih bisane meneng, manut marang rosing rasa, iku rosing rasaning manungsa sangsaya lawas sangsaya krasa, kaelingane marang manungsa sangsaya terang, ing wasana bisa eling lan ngrasa marang purwawasana, ing kono manungsa kadunungan rasa nem-warna : 1. Ngungun, 2. Getun, 3. Keduwung, 4. Nalangsa, 5. Sukur, 6. Tresna. NUNGUNG : dene kok mung sepele bae kang diburu manungsa iku. GETUN : dening kalimpute manungsa sarta cidrane kang dirungkebi. KEDUWUNG : dene ngrasa banget lawase anggone lali, lan anggone nerak wewalering uripe dhewe, anggone sereng duraka marang uripe, lsp.

9 NALANGSA : dene lawas nandhang papacintraka ana ing pepeteng lan panggonan asor. SUKUR : dene wis eling marang uripe, rumangsa yen dheweke iku satemene luwih dening luhur. Kawasa lan sugih tanpa timbang. TRESNA : marang date, ya uripe kang satemene, ya kang nguripi jiwa ragane, iya BAPA BIYUNGE NYAWANE KANG SABENER-BENERE, iya ANANE DHEWE KANG SATEMEN TEMENE. Ing kono ngrasakake tresna kang ora kena kinaya ngapa, rasa liya-liyane larut kabeh, kendhih dening TRESNA, jagad sap pitu kebak dening TRESNA. Mulane den eling marang JEJER. Dalan marang kaelingan : 1. nyunyuda tumangkare nafsu hawa. 2. taberi ngupaya undhaking pangerti. 3. nggegulang rasa tresna. Perangan 05 BEDA-BEDANING DHAYOH karo sing duwe omah RASANING manungsa warna-warna : lara, kapenak, bungah, susah, dhemen, gething, legi, pahit, linu, pegel, asin, wangi... kehe tanpa wilangan. Iku kabeh rasa kang lunga teka, lire : ora ana, ora manggon. Rehne lunga teka, kena diumpamakake dhayoh. Dadi manungsa kedhayohan ing sajroning atine sadina-dina. (E, dayohe teka). Rehne ana kang lunga teka, iya ana kang tansah manggon, ajeg anane (yaiku kang duwe omah) kang nekseni sawarnane kang lunga teka mau. RASAKNA (ematna) bedane kang ajeg anane karo kang teka, ing sajrone melek utawa turu. Yen rada katemu karo sing ajeg anane mau, cekelan kang kenceng. Gandhulana kang kukuh, etutna, aja nganti kelangan lari. Yaiku kang wajib kok tut saiki lan mbesuk. Marga yaiku kang tuduh marang rahayu lan kang perlu kok lakoni, tur ora tau luput. Yaiku kang tukang ngajak : eling bener, rahayu, nikmat, mumpangat ing donya lan akherat. Kepriye enggone nggoleki? Yaiku kang ora gampang, awit kudu tlaten ngruruh sangkaning ririh, sarana taberi ngrasakake, nandhing-nandhing lan niteni, kanthi titi, surti, ngati-ati. Uger-ugere : santosa ing budi.

10 Oleh-olehe niteni dianggo gegeran mbanjurake pangudine. Yen wis oleh pawitan samenir : diurip-urip murih mundhake dadi saklentheng, sabanjure diurip-urip dadiya sajagung, saklungsu lan sabanjure. LAKUNE : taberi ngenebake banyu, kang nguripi sakehing rahsa kang pating sliwer pating gronjol kaya iwak ing siwakan (nentremake ati). Sok uga kerep menebe, siji-sijining kahanan sajrone banyu katon silah-silah. Saya bening, saya terwaca, kang ing kono banjur bisa nandhing-nandhing lan niteni, endi kang dudu lan kang iya. Saya lerem ubaling nafsu, saya katara. Salereming nafsu kari PRAMANA. Manungsa kang sregep nggoleki pramanane, nadya durung nganti ketemu, ewa dene nadyani marang lelakone kerem benere, akeh elinge, cepak rahayune. Perangan 06 ORA ANA PANGLIPUR KANG ADEME KAYA NGADHEPAKE ATI MARANG ALLAH WONG kang nafsune lagi ngambah dalan saka mlarat marang sugih, kang dirasa mung prakara : mlarat karo sugih. Bungah lan mareme yen bisa sugih, susah lan nggrangsange yen isih mlarat. KANG isih mlarat ngunandika : O..., aku kok ora sugih kaya si anu, omahe gedhong kebak isine, seben dina nunggang montor, plesir karo anak bojone, panggone sarwa endah, nggembol dhuwit akeh, parine pirang-pirang lumbung, sawahe pirang-pirang bau, pekarangane amba, akeh karang kitri karang-kirnane, ndhadekake kajen-keringane ing saenggon-enggon... Ah, mangsa ana kabegjan kaya wong sugih. Dak upamakake : kang ngresula lan meri wau wis klakon dadi sugih, sawise menganggo sarwa endah banjur jagong ing omahe penggedhe, kumpulan karo priyayi, nanging lungguhe ana ing papan kang seje, sarta ora pati digape, marga asor pangkat lan asline. Ing saiki apa kang katon ing nafsune? Dalan saka mlarat marang sugih wis diungkurake dening atine, wis ora katon ing pangangen-angen maneh, mung dalan saka asor marang luhur, katon nyolok mata. Iku kang dadi gagasan, thukul pangresulane : O, Allah, puluh ngangoa benik mas, tretep jalebrah, pendhok sinelud, sawitan babaratan Sala, wong papanku ana ngisor awor lurah desa. Gek para priyayi semune ora ana kang merduli marang aku, kabeh-kabeh padha nyingkur.

11 Dak upamakake kang mesgul mau lakining napsune salin dalan. Kang diambah saiki dalan saka asor marang luhur, tegese : ngudi marang kaluhuraning pangkat, satekane ing kaluhuran (dhuwur pangkate), dalane trajangan karo dalan saka bodho marang pinter. Kang katon mung prakara bodho karo pinter, prakara luhur karo asor wis ora dirakake maneh, awit ing kono rumangsa dianggep bodho dening para mudha kang padha mateng pasinaone, ing pamulangan luhur. Ing kono malah dicampahi enggone mendem pangkat lan pakurmatan. Banget wirange, sarta ngrasa cubluke bareng kumpul karo para ulah kawruh, ora bisa urun rembug, dene sarwa ora ngerti, wekasan isin enggone mung dhemen marang pangalembana lan pakurmatan thok. Dak upamakake maneh, kang isin mau salin dalan maneh, ngudi kapinteran. Sawise pinter, banjur ngresula sarta isin, marga dicacad : ora bregas, ora luwes, ora ngresepake, ora diluluti, utawa dicacad : kidhung, kaku, kumel, wagu, lan sanunggalanipun. Dak umpamakake maneh : wong mau ngudi maneh kongsi bisa : bregas luwes, mrakati sapanunggale. Sawise katurutan, banjur ngresula maneh marga kacacad ora anu ora anu. Mangkono sateruse, dadi kaya wong bingung, tansah solan-salin kang diangkah, kagawa saka enggone ora duwe : tekad kang sawiji. Dalan-dalan mau dak umpamakake, enggone trajangan mubeng bisa temu gelang, ngubengi palemahan jembar. Tengah-tengahing palemahan jembar dak umpamakake : ana omahe aran : katentreman, yaiku omahing atine si-bingung kang lumaku urut pinggir mau (dalan warna-warna, ngibarat : rahsaning manungsa kang warna-warna. Omah, ngibarat : rasajati, rasa ketentraman). Upamane lakune gelem saya manengah, saya suwe cedhak karo omahe. Ora pijer nonton dalan kang nggimirake (mareni watake kang kudu nandhing sugih miskin, luhur asor, ala bagus, bodho pinter, sapanunggale, kang ancase kanggo nggunggulake dhiri). Wasana salin dadi ayem tentrem nrima, sirna tetandhingan dhiri sajroning atine, gumulung marang pribadi kang tunggal. URUT pinggir dalan kang diambah mau, saenggon-enggon ana trabasane marang omahe, nanging akeh eri lan grumbul. Upama sumurupa omahe ana satengahing papan jembar, lan keconggah nrajang eri lan grumbul, enggal bisa tekan ing omahe, nanging arang banget kang bisa, kang akeh keblasuk, kesasar, ora bisa mulih, mulane panuntuning para Nabi : manungsa enggone ngudi kasampurnan, ora dipurih nrabas (tanpa marang gunung, utawa majnun), dipurih ngambah dalan, nanging kudu : 1. ajo kongsi keplantrang. 2. lakune dipurih manengah. 3. dipurih kerep ndeleng pernahing omahe.

12 Jlentrehe makaten : 1. Aja keplantrang, lire : aja kelancutan enggone golek kasugihan, kapinteran, pangalembana, cukup : saperlune bae. 2. Dipurih saya manengah, lire : saya nyedhakana omahe (maju ngiras manengah), dadi sajroning nggoleki kasugihan, pangkat, kapinteran lan sapanunggale nyambi ngudi kawruh kasmpurnan. 3. Dpurih karep madhep pernahing omahe, lire : saben dina nemtokake mangsa, kanggo nglalekake kadonyan, perlu kanggo enget marang Pangeran. Upama ing wayah surup srengenge, ngadhepake atine marang Allah. Dadi dalan saka mlarat marang sugih, saka asor marang luhur, sapanunggalane, kang dununge ana ing lair, kaungkurna.ati ngungkrake LAIR, ngadhepake BATIN (nganggep sawiji mung pribadi kang ana). Dene paedahe ora enggal sayah dening kebanteran lakuning pancadriya, mbudi marang kelairan. Ping pindhone : akeh lipure, dening nalika madhep marang Allah mau, ora nonton dalan marakake : kenyut, kaget, meri, ngresula sapanunggalane. Kang katon ing ati mung dalan marang katentreman (lagi katon dalane bae, wis krasa adhem). Adheming ati ngenger marang Pangeran, manawa katimbang ngegere donya, kaya wong ngenger marang bapa biyunge dhewe katimbang karo ngenger marang wong liya. Wong kang kandel piyandele marang, Allah ndilalah sirna uwas sumelange. Wong kang tresna kanthi wedi nerak wewalering Allah, ndilalah sandhang pangane kekinthil, adoh sang sarane, cepak rahayune. Kira-kira : Jam 7-8 sore. Jam 4.30-5.30 esuk. Jam 12-2 bengi. Perangan 07 WAYAH NGASO (MENENG) Perlune : I : Ngleremake urat kang alus-alus, menenga kedhere. Upama kawat clempung, ora tansah dijawali. Perlune : II : Ngaringake angin, kaya pindhane diyan kang maune kanginan mobat-mabit, banjur didokoki semprong. Dadi padhang, kukuse suda, lakuning angin sarenti saka ngisor mandhuwur.

13 Perlune : III : Ngenepake banyu, mapanake cipta ripta, murih mapan sarta katon silah-silahe, kepilihan kang becik, kaya sada kang morat-marit diejumi (ditata). Diesuhi, karosane didakekake siji. Banjur mantheng nuju kang sawiji, ngetut rasa sawiji. Angka III, iku mesthine ing wayah esuk karo bengi, yen sore angka I lan II. Sing wigati, mangkono mau digawea ajeg, dianggowa laku, didadekna : cara, kaupamakna wong adus, jungkatan, nyapu, umbah-umbah, kang padha linakonan ing saben dina. Dene prakara kang ngajak metu saka wewengkoning kawruh kabatinan, kang adhakan yaiku : 1. Prakara butuh (dhuwit, pari, utang, lsp). 2. Karameyan (kabregasan, duwe gawe, lelungan). 3. Prakara panggaweyan (ing kantor, ing sepur, ing alas). 4. Prakara kasusahan (lara, kepaten, pakewuh). 5. Prakara kanafson sapanunggale. Kabeh mau ngajak mlesat saka wewengkoning kawruh kabatinan. Mula yen ora nganggo pranatan meneng ana ing wektu kang katamtokake, kaya kang katulis ing dhuwur mau, saya lawas saya adoh nyamut-nyamut. Upama dhek biyen wis oleh bibit sathithik meksa rekasa enggone nggoleki. Mula kudu ajeg. Bisane ajeg wiwitane saka dipeksa, lawas-lawas lumaku dhewe. Perangan 08 BENER KARO BECIK ORA BISA TINEMU SAJRONING REREBUT ORA KATON SAJRONE LELAMUK Manawa ratu nibakake paukuman kanthi duka, iku ora bakal adil paukumane. Yen wong calathu karo nafsu, ora bakal pratitis calathune. Yen wong ngandhakake beciking liyan katarik saka dhemen, ora bakal resik pangucape. Yen wong ngandhakake alaning liyan katarik saka gething, ora adil pikirane. Wewaton ing dhuwur iku dadi tanda yekti, yen manungsa arep sumurup bener lan becik kanthi patitis, kudu ngleremake dhisik nafsune kang lagi seru kedhere, utawa ngenebake banyune kang lagi kocak sarta buthek. Yen banyu wis rada meneb, utawa nafsu wis lerem, pangucap, panemu lan kira-kirane lagi bisa bener.

14 Aja kleru tampa : wong dosa di ukum, wong becik dikandhakake becike, barang ala dikandhakake alane, nanging bisane sumurup marang bener manawa ora kaling-kalingan ing lumuk. Bisane tumindak bener, mung yen lakuning pancadriya ora diplesedake saka garising bener, dening obahing napsu. Sarehne manungsa iku gedhe cilik padha nggoleki BENER, mula BENER IKU MUNG SIJI MULA NGANTI DADI REBUTNE WONG SAJAGAD. Mulane saben manungsa kabeh bae, kudu sumurup marang DALANE BENER. Dalane, yaiku : mbeningake banyu, utawa ngleremake nafsu, supaya tukang tuduh marang bener kang ana ing sajroning atine. TUKANG TUDUH MARANG BENER ANA ING SAJRONING ATINE SADHENGAH MANUNGSA KETARA CETHA, ora ketutupan ing butheking banyu utawa disimpangake ing pancadriya. Saweneh manungsa sok ngalem marang agama iki, nacad agama iku, mbecikake Nabi kiye, ngalakake Nabi kae, mbenerake ngelmu iki, ngluputake ngelmu ika, sapanunggalane. Kang nganggit layang iki, ora nandhing agama, Nabi utawa ngelmu. Semono uga ora ngluputake lan ora mbenerake marang kang nandhing agama, Nabi utawa ngelmu, mung atur rembung mangkene : Manawa anggone nandhing agama Nabi utawa ngelmu mau temen-temen sumedya golek bener sarta pratitis, aja kongsi ora taberi ngleremake pancadriya nganggo mangsa kang wis katamtokake, supaya tukang tuduh marang bener (budi lan rasa) ora katutupan lamuk kandel, jalaran diubek-ubek rina wengi tanpa leren, sarta pirang-pirang taun. Upama ora kersa ngulinakake meneng (luwih-luwih upama ora kersa ngleremake geneping telu), mangka nandhing agama, nabi utawa ngelmu, iku ora susah sumelang maneh yen ora bakal bener, jer ora bisa selak maneh anggone ngawag, yaiku mung manut obahing nafsu, kaya lakuning tunggangan, ora saka pituduhe kang nunggang. Saweneh manungsa ngalem utawa nacad, mbenerake utawa ngluputake marang pakumpulan Theosofie, ngelmune kayai anu, bendara anu, tuwan anu, panemune si dhadhap, panemune dhewe, layang anu, kitab anu, lakune si Suta, lakune dhewe... lan liya-liyane, banjur netepake : kae bener, iku luput, kiye bener, kuwe kesasar, iki becik iku ala. Kang nganggit layang iki, ora ngluputake wong nandhing, ngalem utawa nacad, mung atur pamrayoga kanthi wanti-wanti : Sarehne prakara iku banget ing rungside, ora kena pisan-pisan sajak gumampang/kaselak kumudu mbenerake pangandikane dhewe, nanging kudu surti, titi, ngati-ati, tlaten ngrasakake sajroning pancadriya lagi lerem, lantaran taberi ngangkah lereming pancadriya.

15 Dene kang minagka saksi yen tlaten ngempakake rasa lan ngleremake pancadriya, yaiku enggone nemtokake wektu kang dienggo meneng, murih pancadriya selawas-lawase ora bisa tumangkar, marga tansah jinaga, kagocekan kendhaline rina wengi. Sawise eling, aja mung eling thok, kudu dikantheni tresna. Eling wajibing budi, tresna wajibing rasa. Enggone tresna nganggo ati sanubari. Perangan 09 PAEDAHE ELING TRESNA MARANG ALLAH RINA LAN WENGI WONG kang ka-elingane marang Allah mung yen dhong lara utawa dhong kesusahan bae, iku panangise ing atine, ora pati katrima, sabab yen mangkono, enggone eling iku, sejatine saka kapeksa. Upama ora lara/susah, iya ora gelem eling. Kang mangkono iku, pratandhane, yen ora kadunungan tresna. Upamakna : ana wong, geleme becik marang kang maos layang iki, mung yen nuju ana perlune bae, lah apa maos iki tresna marang wong kang kaya mangkono. Kang gumelar iki dadi tuladha : sapa asih ingasihan, sapa weruh wineruhan, sapa temen-tinemenan. Kabeh mau mung mbalekake panggawene dhewedhewe. TRESNA Sawise eling, aja mung eling thok, kudhu dikantheni tresna. Eling wajibing budi, tresna wajibing rasa. Enggone tresna nganggo ati sanubari. Yen mung nganggo ati puat, durung tresna temenan, isih tresnatresnanan, panthenge isih marang butuhe dhewe (butuhe : wong). Tetanginen panggalihmu, aja bosen ngupaya ngerti, murih MANGERTI lan NGRASA : ALLAH iku sapa, lan kepriye trape mungguh wujudmu lan rasa pangrasamu. Sok uga mangerti temenan, iya ngrasa, banjur kathukulan tresna, sanajan mung sapucuking tugi (sunguting gabah).

16 Saweneh wong madoni : wong durung weruh kok kon tresna, iku tumandanging pikir atinggal budi. DAYA KANG GEDHE DHEWE Kandel-kumandel marang Allah iku sawijining kekuatan kang ora kena diukur manungsa, mungguh gedhene lan paedahe. NIKMAT KANG GEDHE DHEWE TRESNA marang ALLAH, asih marang sipat (dumadi), iku sawijining kanikmatan kang ora ana pipindhane, wot marang sagara rahmat kang langgeng. Apa tengere tresna nganggo sanubari : KADUK RASA, KURANG LEASAN (ucap, gunem). KADUK ELING KURANG LALI. WEDI NERAK WEWALER LAIR BATIN. Prakara kang perlu dipengeti. Sumelang marga kurang mangan, uwas dening kasangsaran iku sababe saka tipise pangandele marang Allah, sarta saka ora duwene tresna marang Allah babarpisan, tibane banjur doyan nerak wewalere Allah ing lair lan bati. Wong kang kandel piyandele marang Allah, dilalah sirna uwas sumelange. Wong kang tresna kanthi wedi nerak wewalering Allah : dilalah sandhang pangane kekinthil, adoh sangsarane, cepak rahayune, mbok manawa saiki bisa nggoleki sababe kang kasebut ing ngisor iki. Saweneh wong sregep puji dhikir lan nyebut asmaning Allah saben dina : kok kanggonan uwas lan sumelang, sarta isih cepak sangsarane. Si Suta lara lan susah, nuwun marang Allah, ora mari-mari larane, ora sumingkir susahe. Si Dhadhap pasrah marang Allah, kadadeyane malah katiwasan, ngalah malah di idak-idak. Si Waru pinter, Baud mumpuni ing guna srana, akale memet kaya kancil, ewa dene nemu sambekala/kacilakan bae. Sok uga bisa nitipriksa kang titi, ing kono ketemu suwadine : 1. Sabab ucape mung ana ing njaba bae. 2. Sabab panuwune mung dhong lara lan susah bae.

17 3. Sabab doyan nerak wewalering Allah, ora rumangsa. Begja cilaka saka panggawene dhewe, ujar mangkono mau mula bener banget, mung manungsa kang ora gampang bisane ngrasa marang ala lan lupute, marga banget kasar lan petenge. Allah iku adil : uga ora gorohan. Temenan. Perangan 10 ALUS KASARING RASA PANGRASANE MANUNGSA BEDA-bedaning manungsa, katarik alus kasaring rasa pangrasane, ana kang banget aluse, ana kang banget kasare. Kaupamakna pucuking driji karo dlamakan. Pucuking driji bisa mbedakake gegrayangane : sutra, bludru, lenga, glepung, kapas kasa, kikir, rempelas. Nanging dlamakan ora bisa. Pucuking driji gampang krasane, dene dlamakan angel krasane. Manungsa kang kena kaupamakake pucuking driji, enggal krasa lan ngraitane yen ngrungu pitutur, sarta enggal bisa mbedak-mbedakake kang perlu lan kang ora, nimbang kang alus lan kang kasar, ngregem kenceng marang nalar kang wigati, nggandhuli kukuh marang kang katon. Tansah gagap-gagap utawa ngintip-intip nalar kang bener lan becik. Nanging kang kena kaupamakake dlamakan : tanpa gawe, panggugah, penget, pitutur, kojah, carita, tepa tiladha, pasemon sapanunggalane. Marga kabeh ora ana kang krasa ing rasane, marga rasane kaling-kalingan ing rasa kasar (hawa napsu) kang kandel kaya kapale dlamakan. Sumitra kang wus kadhasaran rasa alus sawatara, iba kencenge anggone ngregem surasa kang muni ing dhuwur. Muga pinaringana rahayu. PRAYITNA, WEWEKA, WIRANGNYA Prakara kang perlu katindakake luwih dhisik tumrap wong ngudi kawruh kasampurnan, yaiku : nglelantih mbedakake thuthukulan kang ala karo kang becik; niteni kang bener lan kang luput, ing sajroning batine dhewe. Tekade : MENENG (sing sapa arep weruh obah-obahan, kudu meneng). Yen wis bisa mbedakake rasa rupa-rupa, jalaran saka sregep ngrasakake karo niteni, iku diarani : PRAYITNA. Sawise bisa mangkono, banjur kang ala lan kang becik mau dipisah-pisah, kang ala ora ka-anggo, ka-angkah aja thukul maneh, sarana kalalek-lalekake, dene kang becik (kang bener) dianggo, diurip-urip. Yen wis bisa memisah mangkono iku, arane : WEKEKA. Sawise kapisah-pisah, kang becik lan kang bener mau diejumi, ditata utawa dienam, diempakake dayane, dipigunakake manut dayane. Yen wis bisa

18 ngupakara utawa nggarap, kang becik lan kang bener manut mesthine, karan : WIRAGNYA. Manungsa kang sinebut wiragnya, wis mungkur saka pagawean mbedakmbedakake ala lan becik, apa dene misah-misah ala karo becik, kang dumunung ing batine. Garapane mung kang sarwa becik, wis ora gepok senggol karo kang ala. Yaiku drajading para Nabi lan para Sukci ing ALAM GAIB. Perangan 11 MRATELAKAKE BAB THUKULING BUDI lire : oleh piwulang kang metu saka atine dhewe, yaiku piwulang kang agawe marem lan panarima ing ati. 1 CARITANE WONG KANG DHEMEN WURU DAWA Sawijining wong karem wuru dawa lan sesongaran ana ing pakumpulan, pangrasane : wong liya padha dhemen, marga gagah/bergas, ora weruh yen d-ewani lan di-esemi ing wong. Yen dielikake, ora dadi ing panarimane, malh kleru tampa. Ing sawijining dina wong mau main ana ing pakumpulan, banjur weruh wong waru dawa sarta sesongaran, apa-apane jibles kaya dheweke, ing kono thukul ewa lan gethinge marang kang wuru dawa mau, ciptane : E, e, dadi kalingane wong wuru dawa lan sesongaran iku ala banget, mangka aku biyen iya ala banget kaya kae. Kancaku main iki pasemon lan lelejeme padha nyampahi, nyampleng kaya nalika aku wuru biyen kae. Yen ngono aku biyen ya di-esemi kaya mangkene, adhuh, lali lali den elingna : Aku ora arep wuru dawa maneh-maneh. Liding kandha : Pitutur saka buku, guru, Nabi, Wali, lan liya-liyane kang dununge ana ing lair : tanpa gawe yen ora kapethuk karo rasane kang dipituturi. Marga kang kuwasa nuruti iku sajatine tuwuh ing batine wong dhewe-dhewe. Mula sarehne kapethuk lan panarimaning ati iku asale saka ngrasakake karo niteni, mula wong urip kang teberi ngrasakake lan niten, akeh bathine, marga rina wengi tansah oleh pitutur saka atine dhewe. 2 DONGENG MANUK CILIK LAN KUCING Sawijining kucing gumun banget weruh manuk cilik, saben-saben miyik, tansah dicolong ing kewan liya. Osike : Ah, mbesuk, yen aku manak, anakku

19 bakal dak elah-elih panggonane, supaya kewan kang nedya ganggu gawe anakku, aja nganti bisa niteni panggonane anakku. Prayitnane lan wewekane kucing saka anggone niteni, kang njalari slameting anak-anake. Ing sawiji dina manuk cilik kapethuk kucing, sambate : Dhuh kucing, aku tuturana, kepriye bisane anakku slamet kaya anakmu. Kucing mratelakake yen anakke kerep dielah-elih panggonane, murih kewan liyane ora neteni panggonane. Manuk takon maneh : Kepriye asale kowe duwe akal kang mangkono? Wangsulane kucing : Ya marga kerep weruh anakmu dicolongi gagak, jalaran ora kok elih panggonane. Liding dongeng : Kahanan lan lelakon kang gumelar kabeh iki dadi guru ingatase kang ahli ngrasakake lan niteni. Terkadhang lelakoning wong sok dianggo pangilon dening kang niteni, nanging kang dienggo ngilo ora weruh, marga ora niteni. 3 KATRANGAN : APA-APA YEN ORA KALING-KALINGAN BANJUR KATARA Bisane oleh rasa lan pangraita, saka ngrasakake lan niteni mau marga ora kalimputan ing obah-obahan, kayata : olehe pitutur saka atine, enggone wuru (mabuk) iku nyata ala, iku sababe : thukul pangraitane katarik saka menengge ing sawatara. Marga dhek samana atine aso dening ngrasakake kerti. Iku minangka tuladha, yen thukuling pangraita utawa tumandanging rasa iku, jalaran saka menenge adon-adon kasar. Mula, wong urip kang kepingin akeh bathine, kudu akeh enggone ngleremake pancadriyane. Saya akeh lereme saya akeh bathine. Saka banget lereme, saya pramana marang rasa kaalusan. Wong ora susah duwe niyat : aku tak ngrasakake utawa aku tak sregep niteni. Cukup mung : TAK MENENG. Mengko rasa panggraita thukul sajroning meneng, ora nganggo : tak. 4 WONG WANGKOT LUMUH NGRASAKAKE LAN NITENI APA-APA, IKU THUKULING RASA LAN PANGRAITANE

20 KUDU KEPENTOG ING KASUSAHAN, MURIH KEPEKSA MENENG ADON-ADONE KANG KASAR. Conto : Pitik kang lumayu apetrak-petrak, marga buntute katutan blarak garing muni kresek-kresek, dikira ana kewan liya kang mbledig. Ora ngertia yen saka panggawene dhewe. Apa kang sinandhang ing manungsa ya saka polahe dhewe, nanging ora rumangsa?! Dituturana nganggo buku, guru, wali lan Nabi, yen durung ngrasakake lan niteni dhewe, iya ora percaya, tansah mamang, iya apa ora, jalaran durung ngalami tandha yekti. Pitik kang petrak-petrak mau lagi yakin ngandele yen wis kepentog, upamane : kapentog ing grumbul (pager) kang marakake kepeksa meneng, ora bisa mbanjurake polahe. Ing kono thukul panggraitane lan ngrasakake ing yakine. Blarak ing buntute banjut dicucuki. Liding kandha : Wong kang wangkot iku sok dipentokake dening kang murba masesa murih kepeksa : meneng, aja bisa mabnjurake polahe. Wujuding pentogan yaiku : lara, kasusahan utawa kasangsaran. Awit saka iku wong nemu kasusahan aja ngresula, malah kudu sukur kanthi prihati, nggoleki lupute, banjur mareni. Dene yen durung kapentog, diprayitna nggolek dalane panggraita sarta thukuling rasa lan budi, sabisa-bisa aja kongsi dipentogake, bebasan : Aja pupur sawise benjut.@@k. 5 KANG KENA DIENGGO GANDHULAN KUKUH IKU : OLEH-OLEHANE DEWE SAWENEH wong bungah lan marem, sabab oleh ngelmu kang peng-pengan saka guru linuwih. Ana saweneh bungah lan marem saba jajah sesurupane, saka layang warna-warna anggitane pujangga linueih, utawa saka kitab warna-warna anggitane para Auliya kang luhur martabate. Mungguh sayektine kang patut digawe gocekan (ora mlesed) iku mung pitutur kang tinemu ing batine dhewe. Pitutur saka njaba (lair) mung dadi srana thok-thok, lire : dadi lantaran bisane niteni karo ngrasakake, sarana taberi ngleremake pancadriya.

21 Dadi yen ora taberi nyuda tumangkaring hawa lan ngrasakake nganti weruh marang rasane, kaya wong ngrasakake asining uyah, iku ngelmu lan sesurupane, kang akeh-akeh tanpa gawe ; sabab mung dumunung ing angen-angen, tegese : mung lagi bisa ngarani bener lan becik, dhemen sarta ngalem, utawa lagi ngerti marang surasaning tembung. Aja gumampang ngaku weruh marang RASANING tembung, yen ora sregep ngenengake rasa kasar. Ringkese : Bola-bali kang mupangati iku mung OLEH-OLEHANE DHEWE. Rejeki kang olehe saka nyambutgawe krekelan, kang krasa nikmat lan mupangati marang awak sarta mberkati iku mung saka kringete dhewe. Saweneh wong kang ngudi kawruh mung arep njupuk wose bae, ora dhemen marang buku kang mung isi pitutur, kang disenengi buku kang isine dhuwurdhuwur lan gedhe-gedhe. Ana saweneh : dupeh wis sugih ngelmu, rumangsa wis mumpuni, nampik marang layang pitutur, kayata : Layang Wulang Reh, Wedhatama, dilepeh pituture, ciptane : Ah, iku rak kanggo kang isih ca-ra-kan, aku rak wis dhuwur. Wong kang mangkono iku sejatine wis kesasar adoh, sabab kadhasaran ing riya (angkuh, sombong). KATRANGAN Kang kacetha ing angka, 1, 2, 3, 4, 5, kasebut ing dhuwur mau kabeh, mung aweh pituduh, yen manungsa bisa thukul budine (oleh piwulang kang yakin, kang metu saka batine dhewe, kang agawe kemaremane ati kang temenan) sarana MENENG adon-adone kang kasar. Dene dalaning meneng : ana kang sabab diniyati, ana kang sabab kapeksa, ana kang jalaran saka kapinujon. Bablase kanalaran iki, nyumanggakake.@@k. Bener luput ala becik lawan begja, cilaka mapan saking, ing badan priyangga, dudu saking wong liya, pramila den ngati-ati, sakeh durgama singgahan den eling. Perangan 12 MRATELAKAKE BAB EMPAN LAN URUBING DAYA Apa tegese : empan? Apa tegese : urub? A

22 Geni, empane : dithuki kayu garing, ditepasi, urube yaiku undhaking geni kang katon, kang banjur ngundhakake RASA PANAS. Dayaning tangan, kepriye empane? Dikulinakake nyenyekel, nyambutgawe, angkat junjung barang abot lan sapanunggalane. Endi urube? Yaiku : undhaking kakuwatane, undhaking kaprigelane, lan banjur ngundhakake rasa kuwat rasa prigel. Rasa driji, kepriye empane? Dilelantih ngrasakake lan niteni beda-bedaning grayangane barang warna-warna, kayata : sutra, elar, rempelas, es, wedang, dom lan liya-liyane. Endi urube? Iya awase marang beda-bedaning grayanganing barang. (Wong wuta lumrahe luwih awas panggrayangane katimbang wong kang isih waras), iku kabeh oleh-olehing ngrasakake karo niteni kanthi kalumpuking kekuwatan gumeleng nuju marang rasa sawiji. Liding catur : Gedhening daya saka urub (urip), urub saka kehing empan (kulina), dene kulina iku saka sapisan, nuli pindho, ping telu, sapiturute, suwe-suwe mempan, nganakake urub. B MAKSUDE BOCAH DISEKOLAHAKE Bocah sekolah iku maksude : ngempakake pandulu, pangrungu, pangucap, pangrayang, pikir lan rasa. Empaning pandulu : ndedeleng kang titi, nggambar, nitipriksa wanguning gambar lan tulis, nyawang pranatan kang becik sapanunggalane. Oleh-olehane : awan pandulune, yaiku urubing pandulu, uga karasa awase (urub tegese : urip). Empaning pangrungu : kulina nggatekake dhawuhe guru, clathune kancakancane lan clathune dhewe. Empaning pangucap : clathu seru, cetha, beda-bedaning wanda, aksara ilat, gorokan, lambe, mangsuli pitakon, mratelakake sapanunggalane. Empaning tangan : nggambar, nulis, nyulam, ngukir. Oleh-olehane kaprigelan. Empaning pikir yaiku : ngematake tumandanging pandulu, pangrungu, pangucap, panggrayang sapanunggalane. Yen ing bab iki nganti kurang wigatine, bisa nuwuhake prakara kang ora rinasa, kayata :

23 1. Kerep ngucap manut roh khewanine, katarik pambandhanging nafsu kang ajak gugup, kesusu, temahan tinggal pikiran. 2. Kerep ora sumurup kliruning caturane dhewe, sebab pangrungu ing nalikane clathu, ora gathuk karo pikiran, sababe : ana kang saka pambandhange nafsu, ana kang jalaran angen-angen, kulina tumandang tanpa sir (panggagas). 3. Akeh bocah lalen lan bingungan, peteng sarta bruwet, iku ora liya sabab kulina nggagas lakuning pikir tanpa pranatan ora kaya banyu mili, malah kaya banyu kang diubek-ubek utawa mambeg. 4. Akeh bocah cepak klirune, jalaran saka gugupan, kagetan, uwasan, sumelangan, tipisan aten, iku sabab kulina ngempakake nafsu kang ajak gugup, wedi lan sumelang, ora ana kang ngenggokake murih saline kang diempakake. Manawa nafsu kang ala kakehan empan, gedhening kekuwatane ngalingi rasaning : sir. 5. Akeh bocah kang solahe rengeh, sugih bendana, kurang pangarah-arah, kayata nyelehake barang kurang pernah. Doyan edheg, mlaku kerep kesandhung. Iku sababe kakehan obah roh khewanine, ora ana kang nyenthoki, kebannjur dadi roh khewani kakehan empan, kagedhen kekuwatane roh peteng, metengi pikir. Ing ndhuwur iku empaning pikir kang sapisan (ngematake tumandanging pangucap, pangrungu, pangambu, panggrayang, pangicip) dene kang kapindo : dienggo ngeling-eling sarta nganam-anam (golek pikiran), kayata : nganggit-anggit, etung-etung, ngapalake, mangsuli pitakon, golek reka lan liya-liyane. Empaning rasa : mbedakake klakuwan ala lan becik, sarana dongeng, dituntun welas marang kewan, ngajeni marang wong tuwo, guru lan sapa kang patut diajeni. Dipurih ngrasakake tindak saru lan pantes, dituntuni weruh marang unggah-ungguh, tatakrama, duga-duga, prayoga, riringa, weruh ing panarima lan sapanunggalane. Yen karingkes, maksude sekolah iku : ngurip-urip rasa kang becik (kang marang alus lan padhang), memati rasa kang ala (kang marang kasar lan peteng). Jiwa kang isih ringkih kaya jiwane bocah, durung duwe kaprayitnan, durung pati bisa mbedakake ala karo becik, kang dumunung ing garbane, mulane ya kudu weweka. GURU kang dumunung sjabaning garbane murid, ka-anggep ana sajroning garbane murid, lire : kudu ngleboni atining murid, dijaluki tulung dening jiwa kang ana ing garbane murid, ing prakara prayitna karo weweka, apa dene panuntuning pikir sarta pratikel empan kang becik, pamenggak kang ala. Dadi guru iku dhukun kang wajibibe nambani lelaraning jiwa, kudu nitipriksa apa lelarane, apa tambane, sarta kapriye patrape nambani.

24 Bisane mangkono yen guru prayitna dhewe sarta weweka dhewe, marga bisa meneng adon-adone kang kasar supaya bisa ngrasakake karo niteni. Guru sekolah, guru kawruh kasidan, apa dene guru sajati ing alam gaib, kwajibane ora beda, kabeh-kabeh tetulung ing bab : prayitna lan weweka, banjur panuntun karo pratikel. Kabeh utusane Allah, dikarsakake mbeciki sipating Allah, iya sipate pribadi. C Perangan 13 SAPA MBUWANG ALA, NEMU BECIK, SAPA GOLEK BECIK, LUNGA ALANE Wit-witan kang pange ngisor dirempeli, sing dhuwur dadi lemu. Wit mbako, teh, kang dicewoki ngisor, kang kari dadi mirasa. Wit kang kuru marga kemladhean, yen wis dibuwang kemladheane, dadi lemu. Bocah kuru marga cacingen yen wis disirnakake cacinge, badane dadi seger....kabeh mau sabab dayaning ngaurip kang maune nguripi kang ala, banjur ngalih nguripi kang becik. Kekuwataning uripe ora kalong, mung ngalih, gumeleng, nglimpuk marang kang becik, kaya ilining banyu, yen kang pating sereweh dipepeti, ilene nglupuk gumlogok. Mangkono uga ilining banyu urip, manawa adon-adon kang kasar (asor) dirempeli adon-adon kang alus (luhur) dadi mundhak dayane. Kayata : yen nafsu kang ala disudani empane, nafsu kang becik dadi gedhe dayane. Manawa tansah dibanjurake wnggone nyudani saka ngisor, sangsaya lawas sipating manungsa sangsaya alus lan luhure, sangsaya gedhe dayane, nganti tekan rasa mulya, kang aran rasa Sangkalpa, wekas-wekasane gaib, yaiku : sampurna. Budi lan Rasul kena ka upamakake wit (tumrap jiwa kang durung kaya jiwane Nabi). Roh kewani (napsu) ka-anggepa kemladhean pang kang ngisor, utawa cacing kremi kang dadi lelara. Ing ndhuwur iku lire, tembung mbuwang ala nemu becik. Dene golek becik ilang alane, mangkene : Sing sapa ngekehake empane rasa kang becik, sanajan ora duwe karep mbuwang alane, nanging kang ala padha lunga karepe dhewe, sabab selawase kang becik diempakake dayane, dayane urip tansah mili marang becik kang becik, nguwatake kang becik. Kang ala ora keconggah ngempakake dayane, katut dayane kang becik. Ilining banyu urip, kekuwatane tansah marang kang becik, kang ala kekurangan banyu, kekurangan empan. Manawa tansah kekurangan kekuwatan, lawas-lawas mati, kari mligi kekuwataning daya alus luhur, tumindak tanpa rubeda. Yaiku kahananing manungsa kang wis wiragnya, wujude : sarupaning para Rasulollah.

25 D Perangan 14 MAKSUDE WONG MENENG ORA kurang wong kang salang surup ing bab maksude wong meneng, kayata : takon marang atine dhewe mangkene : Wong meneng iku apa supaya kaya tunggak (watu). Wong mbuwang pikiran lan gagasan iku apa supaya bodho kaya kebo. Wong mbuwang pepenginan kemeren utawa kabungahan iku, apa supaya kaya bekakas mesin utawa manuk ing kurungan. Wong ngangkah ora duwe napsu, lara ati utawa isin iku, apa supaya kaya wong gendheng, kang prasasat ora duwe pangrasa. Ora kurang wong kang kipa-kipa, ngemohi banget ngudi kawruh kasidan (kebatinan), sumelang yen ngemperi : tunggak, kebo, bekakas mesin utawa kaya wong gendheng (ora duwe pangrasa). Nadyan wong kang wis melu ngudi kawruh, uga akeh kang kliru surup ing bab maksude wong meneng. Yaiku, sababe saweneh wong ngudi kawruh, malah dadi peteng utawa bingung kasasar ngelmu lan lakune. Wong bgulinakake meneng iku kang dilelentih ENENGING ADON-ADON KANG KASAR, KANG ASOR. Ando-adon kang alu malah diempakake manut apa mesthine, aja kongsi kang sasar kaduk empan kang alus kurang empan, kaya pratingkahe kang ahli donya, kang sejege urip durung tahu ngicipi rasaning rasa alus kang sumingit ing garbane, kang kalimputan ing rasane kasar, kang disengguh wis alus, wis luhur, wis bener banget. Wong ngulinakake meneng iku sejatine ora ngangkah enggone arep meneng. Enggone keraya-raya ngenengake kang kasar (kang asor) iku saking dening arep ngegungake empaning kang alus kang luhur, kang nyedhaki rasane kang kagungan urip, kang tumandange saya manut karsane kang Murbeng Jagad, kang nggayuh kamajuwaning jiwa dadine luhur lan mulya, kang dayane mbrekati jiwa-jiwa liyane kang isih asor, kang mumpangate ngluwihi saka kang mung mbudi kadonyan thok-thok. Rehne prakara iku alus, temtu bae : a. Ora katon ing mripat. b. Ora gamoang dipikir, ora kena rinasa nganggo rasane kang ahli donya, kongsi ahli donya pada nyengguh : 1. Ora tetulung apa-apa marang sapadha-padha. 2. Bodho banget. 3. Ora duwe pangrasa. Kang ahli donya, sanajan ora gelem diarani ora nindakake rasa kang becik lan alus, ngati-ati ngupaya kang bener perlu, nanging durung bisa ngrasa enggone :

26 1. Kaduk kira-kira, kurang yakin. 2. Kaduk kasar, durung weruh kang luwih alus, luwih mulya utawa kang mupangati. 3. Kaduk rubeda kurang widada (dumunung ing atine). 4. asring kelacuten, mungguha lokomotif ngono kurang rem lan kerep salah wesel (mula ahli pikir lan ahli rasa kudu nyambut gawe bebarengan, tulung-tinulung ijol kabecikan). E Perangan 15 BAB ENENG SAJRONING SAMADI (MATIRAGA) Gangsingan kang gumlethak, upamakna mati. Gangsingan kang muded, nanging kanthi rongeh, upamakna : urip kang kakehan tumangkare. Gangsingan kang muded lelet anteng (muter seser), ngadeg kaya saka, upamakna : meneng. Ya mangkono iku, eneng kang diudi dening para linuwih, dadi enenge enenging urip, dudu enenging pati. WONG SEMEDI utawa matiraga, wiwitane ngenengake adon-adon kang kasar-kasar, ngiras ngaringake angin, agawe enebing banyu, saya meneng rasane kang kasar-kasar, saya katara kang alus-alu. Mundhak lereme ya mundhak krasane kang luwih alus maneh. Yen bisa mbanjurake, pancadriya bisa lerem babr-pisan, banyu uriping manungsa nglumpuk gumeleng ana ing Rasul lan Budi. Iku upamakna : soroting srengenge kang ambane mung sak ambane suryakantha, yen diklumpukake ana ing tengah kongsi dadi sak klenteng, cahyane ngemperi srengenge, dayaning panase tedhas dienggo nggosongake kayu. Dadi ringkese wong meneng iku : maksude ngumpulake kekuwatan kabeh. Yen wis ngumpul, gedhe dayane, banjur dienggo manut apa sire kang duwe kekuwatan. Tumrape kang kurang ptayitna, klumpuking kekuatan di-ilekake marang rasa asih kang asih klebu asor, kayata : nenuwun utawa memuja mangkene, kang nalisir saka tekad menyang Allah. Tumrap kang wis prayitna, kaklumpukake marang Rasamulya, iya sang Kalpa, iya rasa tresna marang DAT, asih marang sipat, iku Rasa kang dhuwur dhewe, padha-padha Rasa kang gandheng lan manungsa. Sasirnane iku aran maha Kalpa utawa Nirwana. Sarehne iku anane saka sirnane rasaning manungsa babarpisan, mulane gampanging tembung : sirna utawa wungwang. Saweneh wong kliru, dupeh wis ora krasa apa-apa (sirna), disengguh padha karo watu. Uriping manungsa kalane lagi nguripi pancadriya, katembungake urip sajroning sagara maya, pindhane kaya iwak urip ing banyu. Manawa